Thursday, February 20, 2014

Browse » home» » “MITONI”

“MITONI”


Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7 (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita ngandet.Kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan  nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake  penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Seliane kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestariake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial.Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganaake upacara mitoni.Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari.Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Kang mimpin upacara iki yaiku dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua. tekane dukun iki lebih asifat seremonial, kang ateges nyiapake lan nglkoake upacara-upacara mitoni. Tata upacara mitoni yaiku:
1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
 4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaiku sawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Khanti dilakoake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun khanti muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

No comments:

Post a Comment